PUSAT ILMU PENGETAHUAN DAN AGAMA

Atur Pasrah Penganten lan Atur Panampi Penganten



Besan                                                : Bp./Ibu Sardjono
Ingkang hamengku gati     : Bp./Ibu Sarjito
Temanten kakung               : Bagus Sudibyo, ST
Temanten putri                     : Rr. Salindri, SE

Ingkang pasrah                    : Daryatmo
Ingkang nampi pasrah        ; Bp. Sadono
Wiwahan                               : dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing Kuripan Purwodadi ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika temanten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami
Nuwun matur nuwun.

Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun /kula nuwun,
Katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring pangapura.
Matur nuwun.

Tag : lain-lain
0 Komentar untuk "Atur Pasrah Penganten lan Atur Panampi Penganten"

Back To Top